Selasa, 22 Februari 2011

Geguritan

Sun gegurit 
Kanthi ati kang ngigit-ingit
Nalika lair gebyaring tatit
Wayah wengi kang tansah wingit
           Ana ngendhi dununge tentrem
           Ati kang tansah katrem jinem
          Anglenggana nyeyuwun ayem

16 komentar:

  1. hayyy....geguritan u apik....
    tak tunggu isi blog u lgi

    BalasHapus
  2. Kenjeran-Tugu pahlawan
    Wedhi putih kang tumemplek ing lathimu
    Sapa sing mesthi mbok antu,nimas?
    Apa ombak kang isih katrem ing Bangkalan
    Apa camar sing sesautan sadhuwuring layar
    Banjur ing dhadhamu
    Kelakone pandhemen katresnan pacah
    Dhek semono

    BalasHapus
  3. kunang-kunang
    pancen endah yen sinawang cahyomu
    pateng kemerlip
    cahyomu kang biso nyinari peteng'e wengi

    BalasHapus
  4. kancaku
    kowe yaiku wong kang apik banget
    mesthi ngancani aku tiap wektu
    ngrungokake kabeh cerita isi atiku
    yaiku kanca sing iso ngerti aku

    BalasHapus
  5. ARTI URIP ING ALAM NDONYO
    Urip ing ndonyo iku tansah rekasa
    Yen pancen pengen urip mulyo ing ndonyo
    Urip ing ndonyo linuwih ana manfaate
    Yen kita migunakake kanggo kabajikan
    Ngisi kegiyatan saben dino
    Karo hal-hal sing becik
    Lan tansah ana manfaate kanggo kita
    Apa tegese urip ing ndonyo
    Yen kita ora iso manfaate kanggo kabajikan
    Bisa-bisa urip ing ndonyo
    Kita bakal sengsoro malah ora mulyo

    BalasHapus
  6. RENCANG KANG SEJATI

    Rencang sejati
    Isa nglengkapi,
    Isa nyemanggati,aka ampek sakiki
    Kowe tetep neng ati iki

    BalasHapus
  7. kupu-kupu
    kumleyang sakben tamanku
    mubang-mubeng ing nduwur kembang
    ngincupi kembang kang lagi mekar
    gawe taman katon endah

    BalasHapus
  8. Nunggu tekamu

    Ati iki rasane koyo loro banget
    Ngerti sliramu karo wadon liyan
    Netes luh ing mata
    Koyo-koyo sliramu gag ngroso
    yen aku tresno
    tak batin loro ati iki
    ora oleh guna yen aku ngomong sliramu
    amarga sliramu wes dadi duwek e wong liya

    luh ku trus netes
    yen kelingan sliramu
    aku pengen nglalekne awakmu
    tapi aku gag iso…
    mesti trus kelingan sliramu

    AKU TRESNO SLIRAMU SAK LAWASE…

    BalasHapus
  9. sekolahku
    gedung kuno kukuh bakuh
    cete putih memplek katon sumeblak
    gapuro pideksa winangun joglo kuno
    madhep ngidul dumunung pinggir sawah
    plantarane jembar gilar gilar
    tamane asri tinanduran kekembangan mekar

    BalasHapus
  10. Lurung anyar


    Wis wancine kowe mencaki lurung-lurung anyar,
    Kutha sing mekar amarga ramene pasar,
    Gang-gang buntu tumuju tembok watu,
    Nglurung dharatan cengkar, lemah sangar.
    Aku lan kowe winates ing pager,
    Ditata rega, jaman semono tetep tak coba,
    Ngrengkuh kabeh sing ketok neng mata,
    Endahe sesawangan,
    Nanging kabeh mung saderma sunggih warna.
    Aku lan kowe mung bisa sesawangan saka kadohan,
    Winates dalan sabrangan,
    Tansaya ruwet karo wira-wirine tetumpakan.

    BalasHapus
  11. sanajan angel
    koyo mecah watu
    iku atose
    tekatmu ibu

    BalasHapus
  12. Rikala aku sedih....
    sliramu ana ing sandingku
    aku gak kepengen....
    sliramu adoh saka aku
    ....................

    BalasHapus
  13. elingo poro konco
    ing donyo mong sedelo
    tingkah laku jo sembrono
    elingo sikso neroko

    BalasHapus
  14. ing ngarsa sungtuladha
    ing madya mangun karsa
    tut wuri handayani

    BalasHapus
  15. GURU
    Warna biru warnane kelabu
    Dadi guru kudu iso ditiru
    Kali wungu kota’ne santri
    Dasi guru kudu sing mukti

    BalasHapus
  16. ing dino iki
    aku nulis geguritan ing blogmu
    geguritan iki ngungkapake kesaning diri

    BalasHapus